Saturday, December 17, 2011

Morfologi (Makalah)

BAB I

A. Pendahuluan
Widyatembung ngemu teges ’ilmu bab tembung’. Tembung iku rerangkening sara kang kawedar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan kasumurupan surasane. Saben rerangken swara kang metu saka tutur tur ngemu teges kuwi diarani tembung, dene yen ana rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara iku ora kalebu tembung Widyatembung utawa tata tembung iku kalebu sampalaning paramasastra kang ngrembug lan nyinau bab tembung, dumadine tembung, lan owahe sawijingn tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan (pengimbuhan/afiksasi), karangkep (pengulangan / reduplikasi), utawa kagabung/kacampor (pemajemukan/kompositium). Ing ngilmu basa widyatembung lumrah sinebut morfologi. Tembung ing basa Jawa bisa dibedakake adhedhasar wujud lan sijine yaiku tembung andhahan (kata jadian) yaiku tembung sing wus owah saka linggane amarga kawuwuhan imbuhan, karangkep utawa kagabung. Ana uga kang ngandhake yen tembung andhahan iku tembung lingga muwuhake imbuhan ing ngarep, ing mburi, utawa ing tengahe tembung lingga. Kabeh imbuhan iku kalebu wujud terikat (bentuk terikat). Imbuhan utawa afiks basa jawa wujude ana papat, yaiku ater-ater, seselan, panambang, lan imbuhan bebarengan.

 





BAB II

B. Pembahasan
Seselan utawa sisipan (infiks) yaiku imbuhan kang kadunungan ing tengah tembung seselan ing basa jawa cacahe ana 4, yaiku : -um, -in, -er, lan –el kang nduweni keendahane dewe-dewe.

Seselan kuwi yaiku :
1.    Seselan um-
Seselan um- uga sinebut bawa ma jalaran yen diseselake ing tembung lingga apurwa vokal, seselan um- malih dadi m- lan dumuning ing ngarep tembung.
Ø  Tuladha =
·      udhun         + (-um)  => umudhun = mudhun
·      ulur             + (-um)  => umulur     = mulur
·      atur                         + (-um)  => umatur     = matur
·      aju               + (-um)  => umaju       = maju
·      inger            + (-um)  => uminger    = minger
·      ili                 + (-um)  => umili         = mili
·      esem            + (-um)  => umesem    = mesem
·      erem            + (-um)  => umerem    = merem
Seselan um- kadang malih dadi em-
Ø  Tuladha = pinter + (-um) => puminter => kuminter => keminter
”berlagak pandai”
Ø  Gantung + (-um) => gumantung => gemantung
’tergantung”
Ø  Sanak + (-um) => sumanak => semanak
”bersaudara”
ü  Seselan (-um) kagunakake ana ing ragam baku utawa resmi, lan basa krama
ü  Seselan (-em) kagunakake ana ing ragam informal
2.    Seselan in-
ü Yen sumambung ing tembung lingga kang apurwa vocal, seselan in- malah dadi ing- lan dununge ing ngarep tembung. Ananging, yen purwane tembung awujud konsonan lan tembung iku antuk seselan in-, ora ngalami owah.
ð  Tuladha :
·         antem     + (in-) => inantem       = ingantem
·         apura      + (in-) => inapura        = ingapura
·         aras         + (in-) => inaras          = ingaras
ü Seselan in- kang kasisipake ing tembung kang apurwa vocal lan malih dadi ing sarta dumunung ana ing ngarep tembung, ing- iku wus ora awujud seselan maneh, nanging awujud ater-ater.
ð  Tuladha :
·      -ing + ombe => ingombe ’diminum’
·      -ing + incim => ingincim ’diancam’
ü Seselan in- kang kasisipake ing kang sumambung ing tembung aran, tembung iku bakal dadi tembung kriya tanggap/kata kerja pasif.
ð  Tuladha :
·         Pecut + (in-) => pinecut ”dipecut”
·         Sapu  + (in-) => sinapu ”disapu”
ü Tembung aran kang diwuwuhi seselan in-, tembung-tembung iku malih awujud dadi tembung kriya tanggap.
ð  Tuladha :
·      Pecut      + (in-) => pinecut ”dipecut”
·      Gambar  + (in-) => ginambar ”digambar”
3.    Seselan er- lan el-
ü Seselan er- lan er- iku gunggung mung winates, amarga ora kabeh tembung bisa kawuwuhi seselan er- lan er- imbuhan iki ora karep kanggo utawa kurang produktif.
ü Seselan er- kadhang malih dadi r-
ð  Tuladha :
·         Kelap + (er-) => kerelap => krelap ”kelap”
·         Kalip + (er-) => kerelip => krelip ”kelip”
ü Seselan er- lan er- kang kasisipake ing tembung lingga bisa njalari tembung iku ngemu teges ”mbagetake”

1 comment: