BAB
I
A. Pendahuluan
Panambang
iku kang dununge ana ing mburi tembung. Panulisane kudu sumambang rapet karo
tembung kang ana ing sisih kiwane (serangkai) lan ora kena kapisah. Panambang
ing basa jawa cacahe akeh banget, ana 9 kayata i-, a-, e-, en-, an-, na-, ana-,
ane, lan ake-, kabeh panambang kasebut karembung ing ngisor iki.
BAB
II
B. Pembahasan
1)
Panambang i-
Panambang i- kang
sumambung ing tembung lingga kang pungkasane vocal bakal malih dadi –ni. Ananging,
yen sing kagandheng kuwi tembung lingga kang wasanane awujud konsonan,
panambang i- ajeg utawa ora ana owah-owahan.
ð Tuladha
:
·
lara +
i- => larai => larani
·
tamba +
i- => tambai => tambani
·
pati +
i- => pataii => pateni
·
bali +
i- => balii => baleni
·
tuku +
i- => tukui => tukoni
·
antem +
i- => antemi
·
gebug +
i- => gebugi
·
jotos +
i- => jotosi
2)
Panambang a-
Panambang
a- bisa sumambung ing tembungkang awasana vocal utawa konsonan. Tembung kang
diwuwuhi panambang a-, ing panulisan ora ana owah-owahan.
ð Tuladha
:
·
tangi +
a- => tangia
·
bali +
a- => balia
·
biru +
a- => birua
·
tuku +
a- => tukua
·
nirono +
a- => nironoa
·
karo +
a- => karoa
3)
Panambang –e (-ipun)
Panambang
–e bisa ndhapuk sawijining tembung dadi tembung aran (nominal). Yen ing basa
krama panambang iki malih dadi –ipun. Sanadyan malih –ipun, panulisane imbuhane
iku tetep kasambung.
ð Tuladha
:
·
dara +
e- => darae => darane
·
pari +
e- => parie => parine
·
tahu +
e- => tahue => tahune
·
sate +
e- => satee => satene
·
kebo +
e- => keboe => kebone
·
joged +
e- => jogede
·
pacul +
e- => pacule
·
wajik +
e- => wajike
4)
Panambang en-
Panambang
en- bisa sumambung ing tembung lingga kang wekasane vocal utawa konsonan.
ð Tuladha
:
·
Tutup [tutup] + en- => tutupen [tutupən]
Tembung
lingga tutup menawi diwenehi panambang –en dadi tutupen
·
Suduk [sudu?] + en- => suduken [sudu?ən]
Tembung
lingga suduk menawi di wenenhi panambang –en dadi suduken.
5)
Panambang –an
Panambang
–an bisa sumambung ing tembung kang wekasane awujud konsonan lan vocal. Yen ana
tembung lingga awasana konsonan lan sadurunge konsonan mau ana swara [i], baeng
diwuwuhi panambang an-, swara [I] ing tembung mau owah dadi swara [i].
ð Tuladha
:
·
Kawin [kawin] + -an kawinan [kawinan]
Tembung
lingga kawin menawi diwenehi panambang –an dadi kawinan.
6)
Tembung –na
Panambang
–na yen sumambung ing tembung lingga kang awasana konsonan, panambang –na ora
owah.
ð Tuladha
:
·
Lungguh +
-na => lungguhna
·
Jupuk +
-na => jupukna
·
Jiwit +
-na => jiwitna
·
Ulung +
-na => ulungna
7)
Panambang –ana
Yen
tembung lingga kang wasanane awujud vocal utawa wanda menga lan tembung iku
kawuwuhi panambang –ana, panambang –ana, malih dadi –nana.
ð Tuladha
:
·
Kandha +
-ana => kandhanaa => kandhanana
·
Kanca +
-ana => kancaana => kancanana
·
Tali +
-ana => taliana =>
talenana
·
Isi +
-ana => isiana =>
isenana
8)
Panambang –ane
Panambang
–ane sumambung ing tembung lingga kang wekasane awujud vocal utawa konsonan.
ð Tuladha
:
·
Tamba +
-ane => tambaane => tambanane
·
Sapu +
-ane => sapuane => saponane
·
Kendho +
-ane => kendhoane => kendhonane
·
Tali +
-ane => taliane =>
talenane
·
Pati +
-ane => patiane =>
patenane
9)
Panambang –ake (-aken)
Panambang
–ake ing basa krama malih dadi –aken. Ing kaanan kang resmi upamane, ing
upacara adat utawa rembug desa. Panambang –aken kerep kaenggo.
ð Tuladha
:
·
Kendho +
-ake => kendhoake => kendhokake
·
Gawa +
-ake => gawaake => gawakake
·
Turu +
-ake => turuake =>
turokake
·
Gule +
-ake => gule =>
gulakake
·
Pati +
-ake => patiake =>
patekake
BAB
III
C.
Kesimpulan
Panambang
utawa (sufiks) yaiku imbuha sing ana dumuning ing buri tembung. Panambang ing
basa jawa cacahe akeh banget, kayata –i, -a, -e, -en, -an, -na, -ana, -ane, lan
–ake.
No comments:
Post a Comment