Wednesday, January 18, 2012

Crita Rakyat / Dongeng


Keyong Cilik sing ora Narima ing Pandum
Dening : Parno Parpal Poerwanto




Ing sapinggire kali kang banyune bening kinclong-kinclong, ana sawijining keyong Cilik kang urip mapan ing omahe kang uga cilik. Omahe Keyong Cilik mau pancen prasaja tur maneh rupane ireng.

Keyong Cilik sedhih banget atine awit dheweke urip lola. Bapak ibune wis suwe tilar donya. Begjane ing papan kono akeh kancane. Kanca-kancane padha apik atine. Saben dina Keyong Cilik dijak dolanan supaya kelipur atine.
Kabeh padha sayuk rukun. Mula, dina-dina tansah diisi kanthi suka gumbira. Ananging, keri-keri iki Keyong Cilik sajak susah banget atine. Kabeh mau dudu amarga dheweke kangen karo bapak lan ibune. Ananging Keyong Cilik sajak kurang marem karo omahe sing cilik. Rumangsane, omah mau cilik banget lan sumpek kanggo dheweke.
Si Kupu Kuning sajak ngerti yen Keyong Cilik lagi sedih atine, bandjur takon, “Keri-keri iki kowe tansah katon sedhih, satemene ana apa ta, Keyong? Yen ana bot repote becike dionceki bareng-bareng, mula baresa marang aku sapa ngerti aku bisa aweh pitulungan”.
“Aku mung jeleh karo omahku. Omahku cilik banget. Rasane sumpek,” wangsulane Keyong Cilik. Nalika Keyong Cilik lan Kupu Kuning lagi guneman, dumadakan ana Bekicot liwat ora adoh saka papan kono.
“He, Keyong... priye kabare?” Bekicot takon.
“Sae, Pak Bekicot!” Keyong Cilik rada kaget, awit kawit mau sing digateke mung omahe sing gedhe tur cete werna kuning.
“Kupu Kuning, kowe ya apik-apik wae, ta?”
“Inggih, Pak Bekicot... kabar kula ugi sae...” wangsulane Kupu Kuning. Ora sranata Keyong Cilik kawetu omonge,”Wah, Pak Bekicot mesthi seneng duwe omah apik tur gedhe...”
“Lha, ya omah sing kaya duweke Pak Bekicot mau sing dakpengini...” Keyong Cilik wadul marang Kupu Kuning.
“Lha arepmu golek wae menyang ngendi? Apa ana sing gelem ijolan karo omahmu kuwi?” Kupu Kuning sekarep ngelingake Keyong Cilik.
“Pokoke aku arep mbudidaya ben kekarepanku kelakon: Keyong Cilik sajak ngeyel.
Keyong Cilik isih aras-arasen lungguhan ing sapinggire kali. Ora pantaran suwe kanca-kancane padha teka. Kajaba Kupu Kuning, uga ana Kodhok, Uler, Kucing, Bebek, Iwak, lan kanca-kanca liyane.
“He, kanca-kanca, sedhela meneh aku bakal ganti omah,”Keyong Cilik umuk marang kanca-kancane.
“Wah hebat kowe kuwi lucu. Apa samengkone ora kaya bocah cilik sing nganggo klambine bapake!” Kodhok wangsulan.
“Pokoke aku tetep nganggo omah sing gedhe kaya sing dakpesen!” ujare Keyong Cilik banjur ninggalake kanca-kancane.
Keyong Cilik banjur mlaku turut dalan golek omah kaya model duweke Pak Bekicot. Nalika lagi mikir-mikir, dumadakan dheweke ngerti ora adoh saka papan kono ana omah bekicot kang wis suwung marga ora dinggo maneh dening sing duwe.
“Lha, ya kae omah sing banget dakdama-dama. Ateges ora muspra anggonku kedharang-dharang tekan kene!” Keyong Cilik atine bungah banget.
Keyong Cilik wis ora sabar maneh. Omahe sing cilik tur ireng banjur dilukar. Saiki dheweke wis manggon ana omah gedhe tilase bekicot.
Ananging kepriye dadine? Pranyata Keyong Cilik ketok yen krenggosan marga kabotan nggawa omahe sing anyar amarga ukurane pancen gedhe tenan.
Pranyata kabeh kanca-kancane padha ora seneng. Keyong Cilik saiki ora dijak dolanan dening kanca-kancane. Kabeh mau dirasa dening Keyong Cilik yen kanca-kancane saiki meri awit dheweke duwe omah anyar.
Dina iku Keyong Cilik isih rumangsa wegah-wegahan. Kabeh mau amarga awake kekeselen saka anggone nggawa omahe sing ukurane luwih gedhe kuwi. Ujug-ujug ana Bulus liwat ing sacedhake.
“Wow, omahe bulus pranyata luwih gedhe. Aku bakal ganti omah sing luwih gedhe kaya duweke Bulus kae.” Keyong Cilik golek omah bulus sing wis ora kanggo. Mula saiki Keyong Cilik wis nganggo omah gedhe tilase Bulus.
“uh, abot banget,”grenenge Keyong Cilik.
Sawise ganti omah, Keyong Cilik sekarep pamer marang kanca-kancane. Nanging pranyata awake ora bisa mingket. Kepriye wae omah bulus pancen abot temenan.
Nanging Keyong Cilik ora kendho. Ananging, durung suwe anggone leren, dumadakan ana Tikus liwat. Antarane Keyong Cilik karo Tikus wus suwe jothakan.
Ngerti yen mungsuhe ana kono, Tikus enggal nyedhaki. Keyong Cilik njomblak maga kaget lan wedi. Keyong Cilik banjur ndhelik ing sanjerone omah. Ning, omah mu isih nggronggong. Dadine, mesthi wae Tikus isih bisa nyekel dheweke. Mulane, ora ana cara liya maneh kajaba mlayu.
Omahe sing anyar wis ora digagas. Sing penting awake slamet saka pangoyake mungsuh. Ananging Tikus sajake wis ora sranta bakal ngajar Keyong Cilik. Mula, menyang playune Keyong Cilik, terus diuber.
Untung wae, sikile Tikus kesandhung watu. Sikil iku banjur dhingklang. Mula dilereni pangoyakane marang Keyong Cilik. Kabeh mau dadi slamete Keyong Cilik. Sabanjure, Keyong Cilik eling yen omah mono pancen penting. Kajaba bisa kango ngeyup, nyatane uga bisa kanggo nylametake awak saka pokal mungsuh.
Saupama Keyong Cilik isih mapan ing sanjerone omahe sing cilik, mesthi wae ora susah mlayu-mlayu kaya mangkono. Mula, sawise ilang rasa kesele, Keyong Cilik banjur nggoleki omahe sing wis suwe disuwungake. Kabeh polah tingkahe Keyong Cilik mau pranyata tansah digateke dening kanca-kancane.
“Kowe malah ketok ayu yen ana omahmu sing asli, lho...” ujare Kodhok.
“Tur maneh, kowe ra sah mlayu-mlayu lamun Tikus teka. Cukup ndhelik ing jero omah, Tikus wis kangelan nyekel kowe!” Kucing nuturi.
Keyong Cilik eling marang keluputane. Sasuwene iki ora tau ngrewes pituture kanca-kancane. Sabanjure dheweke njaluk ngapura marang kanca-kancane. Kanca-kancane padha aweh pangapura lan sabanjure ngejak Keyong Cilik dolanan ing sapinggire kali maneh.
Kapethik, Solopos, 4 Desember 2008

No comments:

Post a Comment